Al Kalaamu : utawi kalaam, Iku Huwa : Utawi sing jeneng kalam, iku Al – lafdzu : Lafadz, ( sifate Lafadz),Al Murokkabu : Kang dhen sungsun – sungsun opo huwa lafadz, ( sifate Lafadz ) Al Mufiidhu : Kang maedhai opo Huwa Lafadz, ( Maedhai – maedhai ) Bil Wad’i : Kelawan sejone wong ngarob.
( Sa’wuse rampung mbah mukhsonif mertela ake sing jeneng kalam, mongko nuli tumandang malih mbah mukhshonef mertela ake piro – piro dhundumane juze kalam, dipun pertela ake kelawan pangendhiko )
Waaqsyamuhu : Tetapi tutawi piro – piro dhundumane juze kalam, iku Tsalasatun : ono telu, endhi rupane telu Ismun : sa’wijine kalimah isim, Wafi’lun : Lan kaping pindhone kalimah Fi’il,Wa Kharfun : Lan kaping telune kalimah Huruf, sifate kalimah huruf, Jaa a : kang teko opo huwa kalimah huruf, ( teko ) Lima’nan : ing ma’nane.
( Sa’mongso – mongso dhundumane juze kalam kui mau ono telu )
Fal Ismu : Mengko utawi tengere kalimah isim, iku Yu’rofu : patut dhen kaweruhi opo huwa kalimah isim, patut dhen kaweruhi Bil Khofdhi : kelawan kamutlakane jer,Wattanwiini : lan tanwiin khossoh, Wadhuhulil alifi : Lan kalimah isim patut dhen kaweruhi kelawan manjinge alif, Wallaami : Lan kalimah isim patut dhen kaweruhi kelawan manjinge lam. Wahurufil Khofdzi : Lan kalimah isim patut dhen kaweruhi kelawan piro – piro huruf jer, Wahiya : Utwi sing jeneng piro – piro huruf jer, iku Min : sa’wiji Huruf jer min, Wailaa : Lan kaping pindhone huruf jer ilaa, Wan'an : lan kaping telune huruf jer ngan, Wa’alaa : lan kaping papate huruf jer ‘alaa, Wafii : lan kaping limone huruf jer fii, Warubba : lan kaping neneme huruf jer rubba, Walba’u : lan kaping pitune huruf jer Ba, Wal Khaafu : Lan kaping wolune huruf jer Khaff, Wallaamu : Lan kaping songone huruf jer Lam.
( Sa’wuse rampung mbah mukhsonef mertela ake sing jeneng piro – piro huruf jher, mongko nuli thumandang maleh mbah mukhsonif mertela’ake sing jeneng piro – piro huruf qhosam kang kelebu setengh saking piro – piro huruf jher, dhipun perthelaake kelawan pangendhilo )
Wahuruful qhosami : lan kalimah isim patut dhen kaweruhi kelawan piro – piro huruf qhosam kang kalebu setengah saking piro – piro huruf jher. Wahiya : utawi sing jeneng piro – piro huruf qhosam kang kalebu setengah saking piro – piro huruf jher, iku Alwaawu : sa’wiji huruf qosam wawu, Walbaa u : lan kaping pindhone huruf qosam Ba, Wattaa u : lan kaping telune huruf qhosam ta’
( Sa’wuse rampung mbah mukhsonef mertelaake piro – piro tengere kalimah isim, mongko nuli tumandhang maleh mbah mukhsonef mertelaake piro – piro tengere kalimah fi’il, dipun perthelaake kelawan pangendhiko )
Walfi’lu : tetapi utawi piro - piro tengere kalimah fi’il, iku Yu’rofu : patut dhen kaweruhi opo huwa kalimah fi’il, ( patut dhen kaweruhi ) Biqhod : kelawan qhod harfiyah, Wassyiini : lan kalimah fi’il patut dhen kaweruhi kelawan syiin tanfis, Wassaufa : lan kalimah fi’il patut dhen kaweruhi kelawan saufa taswif, Wattaa i ta’nisi : lan kalimah fi’il patut dhen kaweruhi kelawan ta’ ta’nist, ( sifate ta’ ta’nist ) Assakinati : kang mati opo hiya ta’ta’nist ingdhalem asale.
( Sa’wuse rampung mbah mukhsonef mertelaake piro – piro tengere kalimah fi’il, mongko nuli tumandhang maleh mbah mukhsonef mertelaake piro – piro tengere kalimah huruf, dipun perthelaake kelawan pangendhiko )
Walharfu : tetapi utawi tengere kalimah huruf, iku Maa : huruf, ( shilaema ) Laa yasluhu : kang ora patut, Ma’ahu : bareng – bareng sartane kalimah huruf, ( opo sing ora’ patut ) Dhaliilul Ismi : nganggo tondo tengere kalimah isim, Walaa dhalilul fi’li : Lan ora’ patut nganggo tondo tengere kalimah fi’il.
0 comments:
Post a Comment